"Ilmu pengetahuan Tertinggi adalah ilmu pengetahuan yang tidak bisa dipikirkan oleh otak manusia tapi bisa dirasakan hati manusia"

"Top science is science that can not be considered by the human brain can be felt but the human heart"

"トップ科学人間の脳考えることはできない科学感じることができる、人間のです."

Selasa, 20 Maret 2012

The Sound Of Orang Asik

Wong bejo nok ra koyo awak dhewe
Digadhang-gadhang karo wong tuwo
Dinomo domo ing sabendinane
Saben dino tansah pitungkasan
Lan kinamulan estining tyas
Tan kendhat anggone ngukir jiwo
Sih lumintuning dunga wong tuwo
Rino wengi tansah hanyenyuwun
Madhep manteb tan kendho

( dho re mi fa sol la si dunga kang satuhu
Mi do sol do la fa re lha kok wus bejane…. )

Wong bejo nok ra koyo awak dhewe
Disengkuyung sanggyo prokonco
Bareng makaryo tur sak ekoproyo
Bares ing samubarang petungan
Sasolahe tan mesti bathine
Kang baku nok ra ngorbanke liyan
Siningkiran ing reh dengki srei
Ndondomi dhodhoting abebrayan
Golong jiwo nyawiji

( ji ro lu pat mo nempi jiwaning bebrayan
Lu ji mo ji nem pat ro patrap kang mangkono )

Wong bejo nok ra koyo awak dhewe
Pikantuk dalane jejodhoan
Dalan kang nok ra mulus lir dalan tol
Nanging ugo dudu dalan kang rungkut
Dudu dalan kang nistho ngarane
Dalane margo kang dilakoni
Romo ibu yo hamung tutwuri
Mimi mintuno kang disesuwun
Madhep manteb tan kendho

( dho re mi fa sol la si dunga kang satuhu
Mi do sol do la fa re lha kok wus bejane…. )

Tidak ada komentar:

Posting Komentar